KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA



GAMPILIPUN PADOS GANJARAN
Dening : Muhammad Suryani, S.Si
(Penyuluh Agama Islam Kec. Simo, Boyolali)

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَا تُهُ
اِ نَّ الْحَمْدَاِللهِ نَحْمَدُ هُ وَنَسْتَعِنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْ ذُبِاللهِ مِنْ شُرُورِ اَنفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَا تِ اَعْمَلِنَا. مَنْ يَّهْدِ هِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَا دِيَ لَةٍ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْ لُ اللهِ.َاللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ.  قَََا لَ اللهُ تَعَا لىَ فِى اْلقُرْاَنِ الْكَرِِيْم. يَااَيُّهَا الَّذِ يْنَ اَمَنُو ااتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَتِهِ وَلاَ تَمُوْ تُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

Kaum muslimin, para jama’ah Jum’ah ingkang Insyallah dipun mulyakaken Allah
Sak sampunipun syukur mangga kita tansah ningkataken taqwa kita dumateng Allah pangeran ingkang anggadahi jagad, maha welas lan maha asih.
Amal kesaenan hanjalari ganjaran bade dumateng kita boten kita sadari, tabungan amal ibadah kita saged tambah -  tambah kathah.

مَنْ دَلَّ عَلىَ خَيْرٍ فَلَهُ اَجْرٍ فَا عِلِهِ . (روه بخارى و مسلم)

"Sapa wonge nuduhake kebecikan marang wong liya, mula deweke bakal entuk ganjaran kaya dene ganjarane wong kang klakoni kebecikan mau” (HR. Bukhari Muslim)

Wonten kitab Tuhfatul Ahwadzi dipunjelasaken bilih, maksud hadits kasebat “sapa wonge nuduhake kebecikan marang wong liya, sae arupi lisan, ngamal utawi tulisan. Mula deweke bakal entuk ganjaran kaya dene ganjarane inkang nindakaken tanpa ngurangi ganjarane sing nglakoni”.

Sedaya Amar ma’ruf nuwuhaken ganjaran ingkang kalipet - lipet, pendak dinten / Minggu / wulan / saya kathah tiang ingkang kita ajak dumateng kesaenan saya kathah ganjaran ingkang lumebet dumateng diri kitha, napa malih tiang ingkang kita ajak kala wau ngajak tiang sanes malih ingkang linangkung kathah mula kita bakal pikanthuk ganjaran ingkang kalipet – lipet kagem nambahi abote timbangan kebecikan ing dinten kiamat.
Ganjaran punika kados dene bonus utawi Reword saking Allah, amargi punapa? ganjaran saking tiang ingkang nindakaken kebecikan kalawau. Kita boten nindaaken napa-napa nanging tetep dipun ganjar dening Allah. conto: ngajak mesem, ngajak dunga, ngajak golek ngilmu, ngajak  ngaji lan sapanunggalane.

Kaum muslimin, para jama’ah ingkang Insyallah dipun mulyakaken Allah
Wonten hadits malih:

اَلدَّا عِى وَالْمُؤَ مِّنُ فِى اْلاَ جْرِ شَرِ يْكَا نٍ . وَالْقَا رِئُ وَالْمُسْتَمِعُ فِى اْلاَ جْرِ شَرِ يْكَا نٍ. وَالْعَا لِمُ وَالْمُتَعَلِّمُ فِى اْلاَ جْرِ شَرِ يْكَا نٍ(روه الد يلمى)

"wong kang donga lan wong kang ngamini loro-lorone entuk ganjaran kang padha. Wong kang maca Al Qur an lan wong kang ngrungokake loro-lorone entuk ganjaran. Wong kang mulang lan wong kang sinau padha-padha entuk ganjaran” (HR. Daelami)

Kaum Muslimin Rokhimakumullah
Hadits ing ngajeng nyariosaken  tigang perkawis bentuk amaliyah ingkang asipat gampil dipun tindakaken saha pikantuk ganjaran kalipet-lipet ing ngarsanipun Allah SWT.
1.      Antawisipun tiyang ingkang maos donga ngunjukaken panuwun ing ngarsanipun Allah kaliyan pihak sanesipun ingkang ngamini kanthi maos lafadz “AMIIN”. Amin tegesipun : “Ya Allah, mugi paduka anyembadani panuwun kawula” sami – sami pikantuk ganjaran
tA$s%urãNà6š/uþÎTqãã÷Š$#ó=ÉftGór&ö/ä3s9
Lan pangeran ira paring firman : “Nyuwuna sira marang ingsun, temtu bakal ingsun paringi.
Donga menika saged katindakaken ijen – ijen, sesarengan utawi jama’ah
2.      Allah paring ganjaran ingkang sami antawisipun ingkang maos Al Qur an kaliyan sinten kemawon inkang midhangetaken. Inkang maos pikantuk ganjaran, ingkang midhangetaken lan nggatosaken pikantuk ganjaran.
“Rasulullah SAW. Ngendika : “sapa wae sing maca sak hurup saka Al Qur an mula deweke entuk ganjaran siji, sangka wacan mau, ganjaran siji mau di tikelke dadi 10 ganjaran, conto : aku ora ngomong yen “alip laam miim kui sak hurup ning, alifkui sak huruf, laam kui sak hurup lan miim kui sak hurup” (HR. Tirmidzi).
Mila Allah paring motivasi dumateng kita :

#sŒÎ)ur˜Ìè%ãb#uäöà)ø9$#(#qãèÏJtGó$$sù¼çms9(#qçFÅÁRr&uröNä3ª=yès9tbqçHxqöè?ÇËÉÍÈ
Lan nalikane diwacakake Al Qur an, mangka rungokna kanthi temenan, lan wigatekake kanthi anteng supaya sira entuk rahmat. (Al A’raf : 204)
3.      Tetiyang inkang micara babagan ilmu. Ingkang suka piwucal lan ingkang dipun wucal sami-sami pikantuk ganjaran, bentukipun werni – werni, saged arupii pendidikan formal kados dene sekolahan tuwin Madrasah lan pondok pesantren , punapa dene pendidikan non formal kados dene pengajian, penyuluhan, kalebet ugi wonten ing forum khutbah jum’at kados ing kasempatan menika. Khotib maos khutbah pikantuk ganjaran, panjenengan sedaya ingkang midangetaken ugi pikantuk ganjaran.

خَيْرُكُمْ مَنْ تَعَلَّمَ الْقُرْاَنَ وَعَلَّمَهُ. (روه البخارى)

Becik – beciking kowe kabeh yaiku wong kang taberi nyinau Al Qur an lan mulangake Al Qur an. (HR. Bukhari)
Hadist menika nyariosaken bilih sanget pentingipun ilmu kagem gesang bebrayan wonten masyarakat, boten namung guru inkang nggadahi kewajiban sinau lan mulang, anaging kita sedaya menika gadahi kewajiban mucal tuwin dipun wucal.
Mugi – mugi kula lan penjenengan sedaya pinaringan kekiyatan hanggenipun ngatah-ngatahaken pados ganjaran, akhiripun saged nambahi taqwa tuwin kagem sangu menawi – sewanci-wanci kita dipun pundhut dening Allah SWT.
Mbok bilih mekaten anggen kawula matur wonten ing khutbah jum’at siang punika mugi-mugi saged nambahi pangertosan lan kapitadosan dateng Allah SWT. Tumuli kita sedaya kagolong kawulanipun Allah ingkang sholeh, sahingga doa lan panyuwun kita sedaya tansah dipun keparengaken saking Allah SWT. Amiin.

بَارَكَاللهُ لِى وَلَكُمْ فِى اْلقُرْاَنِ اْلعَظِيْمِ.  وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَا تِ وَالذِّ كْرِ الْحَكِيْمِ . اَقُوْلُ قََوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُوهُ اِنَّهُ هُوَ اْلغََفُورُالرَّحِيْمِ.


Komentar

Posting Komentar