GAMPILIPUN
PADOS GANJARAN
Dening
: Muhammad Suryani, S.Si
(Penyuluh
Agama Islam Kec. Simo, Boyolali)
اَلسَّلاَمُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَا تُهُ
اِ
نَّ الْحَمْدَاِللهِ نَحْمَدُ هُ وَنَسْتَعِنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْ ذُبِاللهِ
مِنْ شُرُورِ اَنفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَا تِ اَعْمَلِنَا. مَنْ يَّهْدِ هِ اللهُ فَلاَ
مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَا دِيَ لَةٍ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ
اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْ لُ اللهِ.َاللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. قَََا لَ اللهُ تَعَا لىَ فِى اْلقُرْاَنِ الْكَرِِيْم.
يَااَيُّهَا الَّذِ يْنَ اَمَنُو ااتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَتِهِ وَلاَ تَمُوْ تُنَّ
اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Kaum
muslimin, para jama’ah Jum’ah ingkang Insyallah dipun mulyakaken Allah
Sak
sampunipun syukur mangga kita tansah ningkataken taqwa kita dumateng Allah
pangeran ingkang anggadahi jagad, maha welas lan maha asih.
Amal
kesaenan hanjalari ganjaran bade dumateng kita boten kita sadari, tabungan amal
ibadah kita saged tambah - tambah kathah.
مَنْ
دَلَّ عَلىَ خَيْرٍ فَلَهُ اَجْرٍ فَا عِلِهِ .
(روه بخارى و مسلم)
"Sapa
wonge nuduhake kebecikan marang wong liya, mula deweke bakal entuk ganjaran
kaya dene ganjarane wong kang klakoni kebecikan mau”
(HR. Bukhari Muslim)
Wonten
kitab Tuhfatul Ahwadzi dipunjelasaken bilih, maksud hadits kasebat “sapa wonge
nuduhake kebecikan marang wong liya, sae arupi lisan, ngamal utawi tulisan.
Mula deweke bakal entuk ganjaran kaya dene ganjarane inkang nindakaken tanpa
ngurangi ganjarane sing nglakoni”.
Sedaya
Amar ma’ruf nuwuhaken ganjaran ingkang kalipet - lipet, pendak dinten / Minggu
/ wulan / saya kathah tiang ingkang kita ajak dumateng kesaenan saya kathah
ganjaran ingkang lumebet dumateng diri kitha, napa malih tiang ingkang kita
ajak kala wau ngajak tiang sanes malih ingkang linangkung kathah mula kita
bakal pikanthuk ganjaran ingkang kalipet – lipet kagem nambahi abote timbangan
kebecikan ing dinten kiamat.
Ganjaran
punika kados dene bonus utawi Reword saking Allah, amargi punapa?
ganjaran saking tiang ingkang nindakaken kebecikan kalawau. Kita boten
nindaaken napa-napa nanging tetep dipun ganjar dening Allah. conto: ngajak
mesem, ngajak dunga, ngajak golek ngilmu, ngajak ngaji lan sapanunggalane.
Kaum
muslimin, para jama’ah ingkang Insyallah dipun mulyakaken Allah
Wonten
hadits malih:
اَلدَّا
عِى وَالْمُؤَ مِّنُ فِى اْلاَ جْرِ شَرِ يْكَا نٍ . وَالْقَا رِئُ وَالْمُسْتَمِعُ
فِى اْلاَ جْرِ شَرِ يْكَا نٍ. وَالْعَا لِمُ وَالْمُتَعَلِّمُ فِى اْلاَ جْرِ شَرِ
يْكَا نٍ(روه الد يلمى)
"wong
kang donga lan wong kang ngamini loro-lorone entuk ganjaran kang padha. Wong
kang maca Al Qur an lan wong kang ngrungokake loro-lorone entuk ganjaran. Wong
kang mulang lan wong kang sinau padha-padha entuk ganjaran” (HR. Daelami)
Kaum
Muslimin Rokhimakumullah
Hadits
ing ngajeng nyariosaken tigang perkawis
bentuk amaliyah ingkang asipat gampil dipun tindakaken saha pikantuk ganjaran
kalipet-lipet ing ngarsanipun Allah SWT.
1. Antawisipun
tiyang ingkang maos donga ngunjukaken panuwun ing ngarsanipun Allah kaliyan
pihak sanesipun ingkang ngamini kanthi maos lafadz “AMIIN”. Amin tegesipun :
“Ya Allah, mugi paduka anyembadani panuwun kawula” sami – sami pikantuk
ganjaran
tA$s%urãNà6/uþÎTqãã÷$#ó=ÉftGór&ö/ä3s9
Lan
pangeran ira paring firman : “Nyuwuna sira marang ingsun, temtu bakal ingsun
paringi.
Donga
menika saged katindakaken ijen – ijen, sesarengan utawi jama’ah
2. Allah
paring ganjaran ingkang sami antawisipun ingkang maos Al Qur an kaliyan sinten
kemawon inkang midhangetaken. Inkang maos pikantuk ganjaran, ingkang
midhangetaken lan nggatosaken pikantuk ganjaran.
“Rasulullah
SAW. Ngendika : “sapa wae sing maca sak hurup saka Al Qur an mula deweke entuk
ganjaran siji, sangka wacan mau, ganjaran siji mau di tikelke dadi 10 ganjaran,
conto : aku ora ngomong yen “alip laam miim” kui sak hurup
ning, alifkui sak huruf, laam kui sak hurup lan miim
kui sak hurup” (HR. Tirmidzi).
Mila
Allah paring motivasi dumateng kita :
#sÎ)urÌè%ãb#uäöà)ø9$#(#qãèÏJtGó$$sù¼çms9(#qçFÅÁRr&uröNä3ª=yès9tbqçHxqöè?ÇËÉÍÈ
Lan
nalikane diwacakake Al Qur an, mangka rungokna kanthi temenan, lan wigatekake
kanthi anteng supaya sira entuk rahmat.
(Al A’raf : 204)
3. Tetiyang
inkang micara babagan ilmu. Ingkang suka piwucal lan ingkang dipun wucal
sami-sami pikantuk ganjaran, bentukipun werni – werni, saged arupii pendidikan
formal kados dene sekolahan tuwin Madrasah lan pondok pesantren , punapa dene
pendidikan non formal kados dene pengajian, penyuluhan, kalebet ugi wonten ing
forum khutbah jum’at kados ing kasempatan menika. Khotib maos khutbah pikantuk
ganjaran, panjenengan sedaya ingkang midangetaken ugi pikantuk ganjaran.
خَيْرُكُمْ مَنْ تَعَلَّمَ
الْقُرْاَنَ وَعَلَّمَهُ. (روه البخارى)
Becik
– beciking kowe kabeh yaiku wong kang taberi nyinau Al Qur an lan mulangake Al
Qur an. (HR. Bukhari)
Hadist menika nyariosaken bilih sanget
pentingipun ilmu kagem gesang bebrayan wonten masyarakat, boten namung guru
inkang nggadahi kewajiban sinau lan mulang, anaging kita sedaya menika gadahi
kewajiban mucal tuwin dipun wucal.
Mugi
– mugi kula lan penjenengan sedaya pinaringan kekiyatan hanggenipun
ngatah-ngatahaken pados ganjaran, akhiripun saged nambahi taqwa tuwin kagem
sangu menawi – sewanci-wanci kita dipun pundhut dening Allah SWT.
Mbok
bilih mekaten anggen kawula matur wonten ing khutbah jum’at siang punika mugi-mugi
saged nambahi pangertosan lan kapitadosan dateng Allah
SWT. Tumuli kita sedaya kagolong kawulanipun Allah ingkang sholeh, sahingga doa
lan panyuwun kita sedaya tansah dipun keparengaken saking Allah SWT. Amiin.
بَارَكَاللهُ لِى وَلَكُمْ
فِى اْلقُرْاَنِ اْلعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِى
وَاِيَّا كُمْ بِِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَا تِ وَالذِّ كْرِ الْحَكِيْمِ . اَقُوْلُ
قََوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُوهُ اِنَّهُ هُوَ اْلغََفُورُالرَّحِيْمِ.
ingatlah bahasa jawa
BalasHapus